PUISI
KANGEN
Sumribit angin wengi
Numekakno rasa kangenku,
Marang sliramu
Sliramu kang tansah ora bisa,
Nginger ing pikiranku
Meski sliramu tansah wus ora kaya bien
Sing tak kanthi-kanthi
Ananging,
Aku durung bisa lali tekan wanci iki
Analika bebarengan marang sliramu
Amandhangono ing dhuwur kae
Lintang-lintang ing tawang
Mancarke sinare gilar-gilar
Kaya atiku wanci iki
Kang tansah nduwe
Rasa Kangen marang sliramu
Wus tau aku sumedya
Nglalekake sliramu
Ing pikiranku
Ananging,
Rasa kangenku kang tansah ora iso ilang
Rasa kangen iki
Kang bakal ngebaki
Impen ing petenging wengi
By: Laili Fitri Astutik
Tidak ada komentar:
Posting Komentar